Selasa, 11 Juni 2013

Pengertian Bebasan Bahasa Jawa

Bebasan yaiku unen-unen ajeg panggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong.

Tuladha
Adol lenga kari busik : Andum barang marang wong liya nanging awake dhewe malah ora keduman.
Aji godhong jati aking (garing). : Asor banget, ora ana ajine.
Ancik-ancik pucuking eri : Uripe tansah kuwatir.
Anggenthong umos : Ora bisa nyimpen wadi.
Angon ulat ngumbar tangan : Ngulatake kahanan jalaran arep gelem rekasane.
Arep jamuare emoh watange : Gelem kepenake nanging ora gelem rekasane.
Diwenehi ati ngrogoh rempela : Diwenehi ananging isih kurang trima, njaluk maneh.
Dikena iwake aja nganti bitheg banyune : Kaleksanan panjangkane nanging ora gawe kapitunan.
Emban cindhe emban siladan : Ora adil (pilih kasih).
Esuk dhele sore tempe : Ora teteg atine, gampang molah malih.
Gawe luwangan ngurugi luwangan : Golek utangan kanggo nyaur utang.
Golek-golek ketanggor wong luru-luru : Golek utangan malah diutangi.
Gupak pulud ora mangan nangkane : Melu rekasa ora ngrasakake kepenake.
Njagakake endhoge si blorok : Njagakake barang kang durug mesthi ana.
Kadang konang : Sing diaku sedulur mung sing sugih.
Ketepang ngrangsang gunung : Gegayuhan sing mokal bisane kelakon jalaran kegedhen pejangka/kekarepan.
Kaya banyu karo lenga : Paseduluran sing ora bisa rukun.
Kakehan gludhug kurang udan : Kakehan omong nanging ora ana nyatane.
Kebanjiran segara madu : Oleh kabegjan kang gedhe.
Kegedhen empyak kurang cagak : Kegedhen panjangka kurang srana.
Kajugrugan gunung menyan : Oleh kabegjan kang gedhe.
Kekudhung walulang macan : Tumindak kanthi aling aling wong duwe panguwasa.
Kerot tanpa untu : Duwe kakarepan ora duwe sarana.
Kerubuhan gunung : Nemu kesusahan.
Kongsi jambul wanen : Nganti tuwa banget.
Madu bolu tanpa isi : Rebutan barang sepele.
Mrojol selaning garu : Wong kang luput saka bebaya.
Nglungguhi klasa gumelar : Mung kari nemu kepenake.
Ngubak-ubak banyu bening : Gawe rusuh ana ing papan kang wis tentrem.
Nguthik-uthik macan dhedhe : Gawe nesu wong kang wis lilih atine.
Nguyahi segara : Weweh marang wong sugih, saengga tanpa guna.
Nututi layangan pedhot : Nggoleki barang sepele, yen ketemu ora sumbut karo rekasane.
Nyugokake bugel kayu sempu : Njagokake wong kang ora pinter, jalaran isih sedulur.
Othak athik didudut tugel : Omongane sajak kepenak jebul angel ladenane.
Ora uwur ora sembur : Ora gelem cawe-cawe menehi pawitan apa-apa.
Pandengan karo srengenge : Mungsuhan karo wong sing duwe panguwasa.
Rebut balung tanpa isi : Padudon jalaran barang sepele.
Rindhik asu digitik : Nindakake pegawean kang cocog karo karepe.
Sandhing kebo gupak : Cedhak karo wong ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni.
Sedhakep angawe-awe : Ninggalake tumindak ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni.
Suduk gunting tatu loro : Nindakake pegawean sawarna, ananging asile luwih saka siji.
Wis kebak sundukane : Wis akeh banget dosa kaluputane.
Yiyidan mungging rampadan : Biyene wong durjana/culika, saiki dadi wong sing alim.

Reaksi:

0 comment:

Poskan Komentar